KHUTBAH PERTAMA
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (×3)اللهُ اَكبَرْ (×3
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَ للهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ
اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin, Jama’ah Sholat Idul Adha Rahimakumullah..
Wonten ing kesempatan ingkang bahagia meniko sumonggo kito usaha ningkataken kadar keimanan lan ketakwaan kito dhateng Allah SWT. Kelawan nglampahaken sadayaning perintah lan nebihi larangan-ipun.
Sholawat lan salam, mugi-mugi tansah kunjuk katur dhateng junjungan kito, Nabi akhir zaman, Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kito angsal syafaatipun benjang wonten ing dinten kiamat. Amiin.
Hadirin, jama’ah sholat idul adha rahimakumullah..
Dinten meniko sedoyo umat Islam nglampahaken riyadin kurban utawi riyadin Idul Adha. Tamtunipun, momentum meniko mboten saged lepas saking kisah Nabi Ibrahim kados ingkang kerekam lebet serat ash-Shaffat ayat 99-111.
Dipuncriyosaken menawi Nabi Ibrahim sampun dangu sanget mboten gadhah putro. Lajeng Nabi Ibrahim bedoa kados wonten lebet surat ash-Shaffat ayat 100:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ
“Duh pengeran kulo, panjenengan anugerahkan dhateng kula (setunggaling tiyang lare) ingkang kelebet tiyang-tiyang shalih.”
Allah lajeng paring kabar bingah kelawan anugerah lahiripun setunggaling putro ingkang pinter lan sabar sanget. Anamung mawon, kala lare meniko sampun dewasa, Nabi Ibrahim diuji Allah supados nyembelih putro tercinta meniko.
Singkat cerito, kala Ibrahim lan Ismail pasrah dhateng Allah, Ibrâhîm mbekta larenipun dhateng setunggaling tumpukan pasir. Lajeng Ibrâhîm membaringkan Ismail kaliyan posisi pelipis ing inggiling lemah lan siap kangge disembelih.
Jamaah shalat idul adha hadâkumullâh..
Atas kersanipun Allah, drama penyembelihan anak manungso meniko batal dipunlampahaken. Allah berfirman lebet ayat salajengipun:
إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلاءُ الْمُبِينُ (106) وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ (107) وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الآخِرِينَ (108) سَلامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ (109) كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (110) إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ
“Sabenere iki bener-bener siji ujian kang nyata. Lan kito tebus anak iku karo siji sembelihan kang gedhe. Kita abadikan kanggo Ibrahim iku (pujian kang apik) ing kalangan wong-wong kang teka banjur, (yaiku) ‘kesejahteraan dilimpahake dhuwur Ibrahim’. Mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik. Sabenere dheweke termasuk kawulo-kawulo kito kang beriman.
Hadirin Rahimakumullah..
Ibadah kurban ingkang dipunlampahaken umat Islam saben tahun inggih meniko bentuk i’tibar utawi mendhet pelajaran kisah kasebat. Samboten-mbotenipun wonten tiga pesen umum ingkang saged kito pendhet.
Pelajaran sepindah, tentang totalitas kepatuhan dhateng Allah SWT. Nabi Ibrahim ingkang angsal titel “khalilullah” (kekasih Allah) angsal ujian berat ing naliko raos bahagianipun meluap-luap kelawan duginipun putro tercinta ingkang kaparingan asmo Ismail.
Lewat perintah nyembelih Ismail, Allah kados-kados badhe ngemutaken Nabi Ibrahim bilih anak meniko namung titipan. Betapapun mahalipun kito nilai anak, kito mboten angsal terlena bilih namung Allahlah tujuwan akhir saking raos tresno lan taat.
Nabi Ibrahim lolos saking ujian meniko. Piyambakipun mbuktikaken menawi piyambakipun sanggup ngalahaken egonipun kangge tujuwan mertahanaken nilai-nilai Ilahi. Sawentawis Nabi Ismail, sanadyan umuripun taksih bocah, mampu mbuktikaken dados lare ingkang ngabekti dhateng pengeranipun.
Ingkang menarik, Bapakipun matur dhateng Ismail nyuwun pendapatipun langkung-langkung rumiyin, kelawan tutur tembung ingkang alus, tanpa unsur paksaan.
Sikap Nabi Ibrahim dhateng Ismail meniko maringi wucalan kangge para tiyang sepuh, sampun sapisan-pisan meksa anak kangge nglampahaken punapa-punapa senadyan meniko kelebet perkawis sae. Nanging tanglet utawi nyuwun pendapat dhateng anak, amargi secara mboten langsung hal meniko sgaed paring pelajaran dhateng anak kangge saling menghormati tiyang sanes.
Jamaah shalat idul adha hadâkumullâh,
Pelajaran kaping kalih inggih meniko tentang kamulyan manungso. Wonten ing kisah meniko kito ugi dipun-emutaken supados sampun nganggep awis punapa-punapa bilih meniko kangge mertahanaken nilai-nilai ketuhanan, nanging ing sisi sanes kito ugi dipunwantos-wantos supados mboten ngeremehaken nyawa lan getih manungso.
Panggantosan Nabi Ismail kaliyan domba ageng inggih meniko pesen nyata bilih pengorbanan dalam bentuk badan manungso kados tradisi salah setunggal kelompok ing jaman semanten inggih meniko hal ingkang diharamaken.
Manungso kaliyan manungso sanes saestunipun inggih meniko sadherek. Piyambakipun sedoyo dipunlahiraken saking setunggal bapak, inggih meniko Nabi Adam ‘Alaihissalâm. Larangan ngorbanaken manungso saleresipun penegasan tentang luhuripun manungso menggahipun Islam.
Hadirin rahimakumullah..
Pelajaran ingkang kaping tiga ingkang saged kito pendhet inggih meniko tentang hakikat pengorbanan. Sedekah daging kewan kurban meniko namung simbol. Makna korban meniko sejatosipun wiyar sanget, ngliputi pengorbanan ing ndalem wujud harta benda, tenaga, waktu, pikiran, lan sanes sanesipun.
Pengorbanan inggih meniko wujud saking kesadaran kito dados makhluk sosial. Bayangkan, bilih masing-masing manungso namung nuruti ego lan kepentingan piyambak tanpo perduli kaliyan kebutuhan tiyang sanes, alangkah rusakipun gesang meniko.
Sadayaning tiyang kedahipun sami-sami tulung-tinulung, upaminipun, ngorbanaken sakedhik hartanipun kangge tangga ingkang kirang mampu. Sadayaning tiyang kedah ngorbanaken sakedhik wekdalipun, upami, ngorbanaken wekdal kangge makamaken sadherek ingkang pejah, leren sekedhap kendaraan nalika lampu merah lan sanes sanesipun. Keranten, keserakahan namung cocok dipun-gadhahi dening para kewan.
Hadirin rahimakumullah..
Ing ngrikilah perlunipun kito “menyembelih” sifat kewan kito, kangge nggayuh Rohmatipun Allah, keranten inti saking kurban inggih meniko solidaritas utawi sami-sami menghargai lan ketulusan murni kangge ngarep-ngarep Ridhanipun Allah. Mugi-mugi kito sami kelebet tiyang-tiyang ingkang sholih lan sabar.. amiin amiin ya-robbal alamiin..
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH KEDUA
اَللهُ أَكْبَرْ (3×) اَللهُ أَكْبَرْ (4×) اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيرًا وَاْلحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَ أَصِيْلاً، لآ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عباد الله:إِنَّ اللَّـهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونفَاذْكُرُوا الله العَظِيْمَ يَذْكُرْكُم، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُم، ولذِكرُ الله أكبَر
Penulis : KH. Riyadh Mushoffa, S.Ag